Sabtu, 11 April 2015

Sira Meneng Sun Mubeng

Sun gegurit
Nyawang petenge langit
Ijo godhong ning wit
Meneng kaya mayit

Mbayangke esem
Pasuryan kang kalem
Rikma-rikma ketutup
Ketingal eyub

Ngayalke akeh
Ora biso ketemu meneh
Dekik-dekik sumeh
Ati menggeh-menggeh

Layangku wes teka?
Rak ko waca?
Nggawe manah kasiksa
Abang ireng ing rupa

Slira adoh ing soca.
Mbuh tabuh kepira
Ora bisa ngira
Apa wes nedha

Sun gegurit
Mung bisa nganggit
Tapi awakmu ngilang
Jenengku dibuwang

Apa layangku wes teka?
Ndang yo diwaca
Aja nggawe manah kasiksa
Abang ireng ing rupa

Tulung dikanda
Ambane dada ngerasa
Aja tinggal meneng
Nggawe pikir mubeng

Cicak di DandangTM | aashasena.blogspot.com | @aryudananta on twitter

Hak cipta dilindungi undang-undang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar