Selasa, 28 Januari 2014

Catur Aksara


Sun gegurit
Sun ketemu wanita
Kang asma catur aksara
Kang nggawe sun trisna

Sun gegurit
Nanging, sun sapa?
Dede ratu ing Ngastina
Ora sugih nyandhang bandha

Sun gegurit
Sun iki mung pujangga
Ora dhuwur ing rupa
Ora bisa ntrisnakake sira

Sun gegurit
Sun mung bisa nganggit
Apa wae sing kabesit
Nyingkirake manah sakit

Sun gegurit
Sumpah apa wae,
Bakal tak lakokake
Kanggo nggawe sira ning kene

Kang pungkasan,
Sun gegurit
Sun njaluk sira mrene
Bebarengan urip sak lawase
Tanpa priya liyane

Cicak di Dandang | aashasena.blogspot.com | @aryudananta on twitter
Hak cipta dilindungi undang-undang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar